RERENGGAN SINOM

Serat Kalatidha
Raden Ngabehi Ranggawarsita

1.      Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sunyaturi
Rurah pangrehing ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana sarjana kelu
Kalulun kala tidha
Tidhem tandhaning dumadi
Ardayèngrat déné karoban rubéda


2.      Ratuné ratu utama
Patihé patih linuwih
Pra nayaka tyas raharja
Panekaré becik-becik
Parandéné tan dadi
Paliyasing Kala Bendu
Mandar mangkin andadra
Rubéda angrebedi
Béda-béda ardaning wong saknegara


3.      Katetangi tangisira
Sira sang paramengkawi
Kawileting tyas duhkita
Katamèn ing rèn wirangi
Déning upaya sandi
Sumaruna angrawung
Mangimur manuhara
Met pamrih melik pakolih
Temah suka ing karsa tanpa wiweka

4.      Dasar karoban pawarta
Bebaratun ujar lamis
Pinudya dadya pangarsa
Wekasan malah kawuri
Yan pinikir sayekti
Mundhak apa aneng ngayun
Andhedher kaluputan
Siniraman banyu lali
Lamun tuwuh dadi kekembanging beka

5.      Ujaring panitisastra
Awewarah asung peling
Ing jaman kenèng musibat
Wong ambeg jatmika kontit
Mengkono yèn niteni
Pédah apa amituhu
Pawarta lolawara
Mundhuk angreranta ati
Angurbaya angiket caritèng kuna


6.      Kèni kinarta darsana
Panglimbang ala lan becik
Sayekti akèh kéwala
Lelakon kang dadi tamsil
Masalahing ngaurip
Wahaninira tinemu
Temahan anarima
Mupus pepesthèning takdir
Puluh-Puluh anglakoni kaélokan

7.      Amenangi jaman édan
Ewuh aya ing pambudi
Milu édan nora tahan
Yèn tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsaning déwa
Begja-begjané kang lali
Luwih begja kang éling lawan waspada

8.      Semono iku bebasan
Padu-paduné kepengin
Enggih mekoten man Doblang
Bener ingkang angarani
Nanging sajroning batin
Sejatiné nyamut-nyamut
Wis tuwa arep apa
Muhung mahas ing asepi
Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma

9.      Béda lan kang wus santosa
Kinarilah ing Hyang Widhi
Satiba malanganéya
Tan susah ngupaya kasil
Saking mangunah prapti
Pangéran paring pitulung
Marga samaning titah
Rupa sabarang pakolih
Parandéné maksih taberi ikhtiyar

10.    Sakadaré linakonan
Mung tumindak mara ati
Angger tan dadi prakara
Karana riwayat muni
Ikhtiyar iku yekti
Pamilihing rèh rahayu
Sinambi budidaya
Kanthi awas lawan eling
Kanti kaèsthi antuka parmaning Suksma

11.    Ya Allah ya Rasulullah
Kang sipat murah lan asih
Mugi-mugi aparinga
Pitulung ingkang martani
Ing alam awal akhir
Dumununging gesang ulun
Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi
Mula mugi wontena pitulung Tuwan

12.    Sageda sabar santosa
Mati sajroning ngaurip
Kalis ing rèh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlèn melèng malat sih
Sanityasèng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis
Borong angga sawarga mesi martaya