SAMARGA SA DUGA

Wong urip kui pancen wis ginaris sakeng gusti kang murbeng rat, sak sapa wae wong sing wis nglakoni uriping bebrayan tembayatan sajroning bale wisma datan ora kalimput saka lelakon kang wus sakmesthine gelem ora gelem kudu dilakoni. Kanyatan urip iki "ngendikane para pujangga" bebasan "Mung Mampir Ngombe".
Dadi yo kudu sakmesthine di udi amrih iso murakapi tumrap bebrayan agung. Kaya tembang Sinom ing ngisor iki sing di anggit dening Pujangga Rangga Warsita :
  • Amenangi jaman edan
  • Ewuh oyo ing pambudi
  • Arep ngedan ora tahan 
  • Yen tan melu hanglakoni
  • Boya keduman milik
  • Tali lan wekasanipun
  • Awit karsaning dewa
  • Beja-bejane wong kang lali
  • Luwih bejo wong kang eling lawan waspada
Jaman saiki iso kasebut koyo ing tembang dhuwur kui, nanging gelem ora gelem kudu nggolek pambudi daya supaya bisa ngrengkuh lan ngudaneni saka ombyaking jaman, yen ora iso anut ilining jaman iso ora bakal melu ngrasake menowo ono sing iso dirasaake. Undering kahanan yo mung Gusti kang iso gawe ruwet rentenging jaman lan kahanan, mula yen to mangkana pada elingo mring Hyang Manon sing wis paring marga.