Tuladha Pranatacara

Tuladha ing ngisor iki nalikani kajibah dherekake serah-serahan (Pasok Srana)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisipuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung sumohowono putri, kadang wredha mudha tumaruna ingkang winantu suko basuki.
Mradapa keparingipun Ibu Sajiyah sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika, kulo piniji pinangka pambiawara wontening upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salakirabbi.

Namung saderengipun kawulo ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalian kuncaraning bangsa ingkang linambaran Pancasila saha hangemban Eka Prasetya Panca Karsa, sumonggo nun kawula dhereaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang maha agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng sadaya dalasan kawula, amiin.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala krama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba sagung ing pakurmatan, keparenga pranata cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing adicara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawangsa.
  1. Pambuka,
  2. Atur waosan Pustaka Suci Wahyuning Illahi rabbi dening Adhimas : ……………
  3. Kasambet ingkang angka tiga Atur Pambagya Harjo sugeng rawuh ingkang badhe dipun salirani Panjenenganipun Bapak Sapar Sayudi. (Kasuwun Ibu Sajiyah ngampingi)
  4. Rantaman saklajengipun Atur Pasrah Calon Pengantin Kakung ingkang badhe dipun salirani Panjenenganipun Bapak ………………
  5. Dipun lajengaken atur panampining pasrah saking Calon Pengantin Kakung badhe dipun tampi panjenenganipun Bapak Teguh Edi Susanto, B.Sc.
  6. Saksampunipun paripurna atur panampining gati kalajengaken Do’a ingkang badhe dipun aturaken Bapak …………
  7. Sumene
  8. Ramah tamah
  9. 9.       Panutup.

Mekaten para rawuh saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah srana dalah lamaran ingkang sinanggit dening kulawarga, kasuwun wontene suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugining purnaning gati.
Sanggyaning para lenggah kakung sumowana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoking manah, panjenenganipun Ibu Sajiyah ingkang hamengku gati mboten saget hagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe hangaturaken pambagya harja wonten ngarsa panjenengan, awit saking bomboming manah anggennya badhe matur among kandheg wonten samadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bapak Sapar Sayudi wekdal kasumanggakaken, sumangga nun. Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bapak Sapar Sayudi pinangka sulih sarira ingkang hamengku gati.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, selajengipun dumugi laksitaning tata adi cara atur pasrahing saking duta saraya badhe/calon kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih sarira nun inggih panjenenganipun Bapak ………………………………. wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Kanthi teges, tetes, soho mentes atur panampi saking panjenenganipun Bapak Teguh Edi Santoso, B.Sc. minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang saklajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanaaken parago saking duta saraya dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene salajengipun kaaturaken dhumateng ingkang hamengku gati, kaleksananing sedya kasumanggaaken. Para lenggah kakung sumowono putri ingkang pantes sinuba sinudarsana, laksitaning tata adi cara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanan kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala. Namung panyuwunipun Ibu Sajiyah, panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati. Kawula aturakin ing mriki mbok bilih pratandha pari purnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon penganten kekalih miwah Ibu Sajiyah sampun kawistara jumeneng wonten sangajenging wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawetawis, nuwun, matur nuwun. Hadungkap titi mangsa kala pari purnaning sedya, karana reroncening tata adicara sampun kaleksanan dening kulawarga. Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati panjenenganipun Ibu Sajiyah pinangka ingkang hamengku gati ngunjukaken raos syukur wonten ngarsaning Illahi Rabbi Gusti ingkang Maha Agung kanthi kaleksananing sedya pinaringan wilujeng nir ing sambikala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumrambah para tamu samudayanipun, ingkang punika Ibu Sajiyah tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhanipun wonten kirang tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun hangaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kalenggahan panjenengan sedaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugya diagung pangaksama. Kawula minangka pambiawara ugi hanglenggana karana kirangeng seserepan hanjalari kthuking pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten kalepatan kula, mugi para tamu samudaya ngluberaken pangaksama ingkang agung.
Kasuwun calon risang pinanganten lumarap wonten sangajenging kori wiwaraning wisma hanjenengi para tamu sowang-sowang badhe kondur. Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanan para kulawarga, sesantining Ibu Sajiyah mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, kunduripun dherekaken sugeng.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.