PANGUDAL-UDAL RASA

          Kala mangsane rasa-rasaning manungsa kui iso gumantung mobah mosiking kahanan, kahanan kang ana gayutane saka krenteging ati. Menawa ati lagi ora teteg, pangrasa melu kegawa dadi nora maton lan manggon (inkonsisten). Conto sing gumathok, nemtokake petung dina sing mung keletan seminggu wae meso geseh amarga atine ora jenjem sidhem premanem. 

           Mula ta mula.... atining manungsa kui kena dipralambangake kaca benggala / pangilon. Nalikane kaca kuwi mau ana bledug utawa rereget, mesthi sing ana sak ngarepe kaca kena kasempyok ing aradan, masiya sing neng ngarepe kaca kui mau ayu sulistya kang pindha warni. 
         Jaman simbah isih sugeng, nate ngendika "Leee dadiya uwong sing iso nata ati, aja gampang nesu, sebab nesu kui isa bubrahake ati lan ngregeti ati". Sak klimah ngendikane simbah kui mau enteng pangucape, nanging aboooooot.... tenan le nglakoni. Ing atase simbah tak kira nek nilik yuswane yo mesthi wae wis isa nglakoni kaya sing di kandakake, nanging kanyatan simbah dewe nalika semana yo kondhang nek galak, nganti diparapi  "mBah Galak" karo putu-putune. Nanging mbasan saiki tak rasakake, galake simbah mbiyen ya merga mung kanggo pamecut supaya putu-putune isa prenah lan mapan uripe.
           Manut ilineng jaman, ora katut ombyaking kahanan sing nora apik, lan ora melu kintir ilining jaman kang saya suwe akeh panggiri goda, dadi sangu tumapak hangayahi wajibing urip sing tentrem paling ora kangga bebadan awak mami.