OSEKA STEMBAYO 1996

Brayat  OSEKA STEMBAYO 1996, Organisasi Seni Karawitan STM Pembangunan Yogyakarta.

Duk rikala jaman sing wis kawuri, ora krasa jroning nala, minangka kanggo pangeling-eling ing jamane isih sekolah neng
STM Pembangunan iso melu ngregengake kegiatan-kegitatan ing antarane sing paling tak senengi lan pinangka kanggo ngupiyo lestarining budaya jawa sing isih ana gayutane karo Macapatan,
Tetembangan lan olah keprigelan joget lan seni drama. Ing sakawit jane mung kanggo ngisi wektu sajroning sekolah sing kasebut Ekstra Kurikuler. Aku dewe yo melu bombong, ing atase STM sing para siswane mayoritas kakung tur wis etuk predikat sing melekat yo kui nek lulus mesthi kerja neng lapangan sing sifate kasar, isih pada gelem nggegulang seni karawitan. 
Sing marai aku bombong meneh, kanyatan siswa STM iso sasap anggone melu olah kridaning sayembara sing rutin diadani neng Dinas Pendidikan seko tingkat kabupaten tumekeng propinsi.