Adopsi Ukoro Sankskerta

Menawi dipun wigatosaken ing sadengah papan ing antawisipun wonten ing Jakarta wonten papan nami Satya Graha, lajeng wonten Bina Graha, ugi wonten papan sanesipun ing Surabaya wonten gedung Graha Pena, ing Ngayogjo ugi wonten Graha Wanita Tama.
Sanajan sampun sami wanuh tumraping sadengah tiyang, hananging menawi katilik ing kamus boso jawi nembe karaos mboten sreg amargi artosipun dados mboten trep kalian ingkang "mbokmenawi" ing pangangkah dipun jumbuhaken kalayan papan ingkang dipun paringi tetenger meniko.
Wangsul ing ukoro "Graha" ing kamus boso jowo hanggadahi teges "boyo" sato kewan ingkang anteng, menawi pun sengguh utawi ganggu lajeng saget amblaeni tumrap ingkang giri-goda. Menawi ingkang saget jumbuhaken ing ukoro, ing Ngayogjo wonten gedung naminipun "Grha Sabha Pramana". Katitik pangucapipun sakperangan sami, tegesipun benten namung sampun trep lan jumbuh kaliyan papan ingkang dipun paringi tetenger. "Grha" ingkang meniko gadahi ateges "Papan Panggenan".
Mekaten atur pamrikso ingkang namung saklimah, mugyo dadosaken pamrekso.