Macapat

A. Kidung Sarira Ayu
Pupuh Dhandhanggula
  • Ana kidung, rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa ing bilahi kabèh, jin syaitan datan purun, paneluhan tenung tan wani, miwah panggawé ala, gunaning wong luput, agni atemahan tirta, maling arda tan ana ngarah ing kami, tuju duduk pan sirna.
  • Sagung panca, baya samya bali, sakathahing ama amiruda, wedi asih panduluné, sakèhing braja luput, kira-kirapan wuk sakalir, sliring wisa tawa, sato kurda tutut, kayu aèng lemah sangar, songing landhak guwaring mong lemah miring, pakekiponing merak.
  • Panggupaking warak sakalir, nadyan arga myang sagara alas, temahan rahayu kabèh, sarwa sarira ayu, ingideran ing widadari, rineksan malaékat, sakathahing rasul, pan dadya sarira tunggal, ati Adam utekku Bagindha Esis, pangucapku ya Musa.
  • Napasku Nabi ‘Isa linuwih, Nabi Jakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku rèké, Nabi Dawud swaraku, nJeng Sulaiman kasektèn mami, Ibrahim kang anyawa, Idris ing rambutku, Said Ali kulitingwang, Abu Bakar getih daging “Umar singgih, balung Baginda Usman.
  • Sungsumku Fatimah kang linuwih, Aminah kang bebayuning angga, Ayub minangsa ususé, sakèhé wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan nabi, cahyaku ya Muhammad, panduluku Rasul, pinayungan Adam syara’, sampun sangkep sakathahing nabi wali, dadya sarira tunggal.
  • Wiji sawiji mulané dadi, pencar dumadi isining jagad, kasamadan déning Dzaté, singa maca myang ngrungu, kang anurat tuwin nimpeni, dadya ayuning jasad, kinarya sesembur sira wacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa glis laki, wong édan dadi waras.
  • Lamun arsa tulus nandur pari, puwasa sawengi sadina iderana galengané, wacanen kidung iku, datan ana ama kang prapti, lamun sira aperang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, kang amangan rineksa déning Hyang Widhi, rahayu ing payudan.
  • Lamun ora bisa maca kaki, sinimpena kinarya ‘azimat, teguh ayu panemuné, yèn binekta anglurug, mungsuhira datan udani, luput sanjata tawa, iku sawabipun, sabarang pakaryanira, pan rineksa déning Hyang Kang Maha Suci, sakarsané tenekan.
  • Lamun ana wong kabanda kaki, myang kadhendha lan kabotan utang, miwah wong alara rèké, wacanen tengah dalu, ping selawé wangené singgih, luwar ingkang binanda, kang dinenda wurung, sadosané ingapura, ingkang utang sinauran ing Hyang Widhi, kang angring dadi waras.
  • Sing sapa rèké arsa nglakoni, amutiha lawan anawaa, patang puluh dina baé, lan tangi wektu subuh, miwah sabar syukuran ati, Insya Allah tinekan, sakarsanirèku, tumrah sanak rakyatira, saking sawabing ilmu pangiket mami, duk anèng Kalijaga.
B. Kidung Artanti
  • Ana kidung atembang Artati, sapa wruha rèké aran ingwang, duk ingsun ana ing ngaré, miwah duk anèng gunung, Ki Artati lan Wisamarti, ngalih aran ping tiga, Artadaya tèngsun aran ingsun duk jejaka, mangkya aran Isma’il Jatimalenggis, anèng tengahing jagad.
  • Sapa weruh kembang tepus kaki, satat weruh rèké artadaya, tunggal pancer ing uripé, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pageré wesi, sinihan wong sajagad, kang ngidung iku, bratanana awak nendra ing sadina sawengi sawabirèki, sarwa cinipta dadya.
  • Kang sinedya tienkan ing Widhi, kang kinarsan dumadakan ana, tur rineksèng Pangerané, nadyan tan weruh iku, lamun sedya mudya semadi, sesandi ing nagara, angumbara wiku, dumadi sarira tunggal, tunggal jatiswara amor ing artati, aran sekar Jempina.
  • Somahira ingaran Panjari, milu urip lawan milu pejah, datan pisah saparané, paripurna satuhu, yèn nirmala waluya jati, kena kéné ing kéné kana, ing wasananipun, ajejuluk Adikusuma, cahya ening jumeneng anèng artati, anom tan kenèng tuwa.
  • Tigalana kamulanirèki, Nila ening arané duk gesang, duk mati layangsukmané, lan suksma ngumbarèku, ing asmara moraga yekti, durung darbé peparab, duk anomé iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Tyasing iya Sang Artati, iya Sang Artadaya.
  • Dadi wisa mangkya amartani, lamun warta temah amisaya, marma Artadaya rané, duk lagi anèng gunung, ngalih aran asmarajati, wayah tumekèng tuwa, émut ibunipun, tinari lunga mangétan, Ki Artati nurut gigiring Marapi, angancik ing Sundara.
  • Ana pandhita akarya wangsit, pindha kombang angajab ing tawang, susuh angin ngendi nggoné, lawan galihing kangkung, wekasaning langit jaladri, isining wuluh wungwang, myang gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, peksi miber uluké ngungkuli langit, kusuma njrah ing tawang.
  • Wong angangsu pikulané warih, lawan amét geni adedamar, miwah kang srengéngé piné, tuwin kang banyu kinum, myang dahana murub binasmi, bumi kapetak ingkang, pawana tiniyup, tanggal pisan kapurnaman, yèn anenun sentèk pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.
  • Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana apang kéblat papat, agodhong méga rumembé, apradapa kekuwung, kembang lintang salaga langit, sari andaru kilat, who surya lan tengsu, asirat bun lan udan, epepucuk akasa bungkah pratiwi, ayodé bayu braja.
  • Wiwitané duk anemu candhi, gegodhongan miwah wewerangkan, sih Hyang kabesmi kabèh, tan ana janma kang wruh, yèn weruha purwaning dadi, candhi sagara wétan, ingobar karuhun, kahyanganing Sang Hyang Tunggal, sapa rèké kang jumeneng mung artati, katon tengahing tawang.
  • Gunung Agung Sagara Srandhil, langit ika amengku buwana, kawruhana ing artiné, gunung sagara umung, guntur sirna kang mangku bumi, langit buwana ragsa, dadya kawruh iku, madya madyaning awiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, cecandhi ing sagara.
  • Jin prayangan padha wedi asih, samya asih sakèhing drubiksa, angreksa siyang daluné, ingkang anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, sadaya linebur, sakèhé kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya
  • Siyang dalu rineksèng Hyang Widhi, sasedyané tinekan ing suksma, kaidepan janma akèh, aran wikuning wiku, wikan lir ing pudya semadi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, peparap Hyang Tigalana, kang asimpen yèn tuwajah jroning ati, kalis sagung durjana.
  • Yèn kinarya atunggu wong sakit, ejin syaitan tan wani angambah, rinekseng malaékaté, nabi wali angepung, sakèh lara padha sumingkir, ingkang nedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangéran, iblis la’nat sato mara padha mati, tumpes tapis sadaya.
C. Kidung Jati Mulya
  • Ana kidung sun angidung wengi, bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangadegé, lumaku Sang Hyang Bayu alambéyan Asmara ening, ngadeg pangawak téja, kang angidung iku yèn kinarya angawula myang lelungan gusti gething dadi asih, syaitan sato sumimpang.
  • Sakathahing upas tawa sami, lara roga waluya nirmala, tulak tanggul kang panggawé, duduk padha kawangsul, katawuran sagunging sikir, ngadam makdum sadaya, datanpa pangrungu, pangucap lawan pangrasa, myang paningal kang sedya tumeka nafi, pangreksaning malaékat.
  • Jabarail ingkang angemongi, milanipun katetepan iman, dadi angandel atiné, Ijraile puniku, kang rumeksa ing pati urip, ‘Israpil dadi damar, padhang jroning kalbu, Mikail kang asung sandhang, lawan pangan énggalé katekan kapti, sabar lan anarima.
  • Ja Hu zat nyeng pamujining wengi, balé arasj sesakané mulya, Kirun (Munkar) saka tengen nggoné, wa Nakirun (Nakir) atunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawa ala, satru lawan mungsuh, pangeret taraju’rijal, ander-ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga.
  • Dudur majengé ayatu’l kursi lungguhé atiné surah ‘an’ am pangleburan lara kabèh, usuk-usuk ing luhur, ing aranan telenging langit, nenggih Nabi Muhammad, kawekasan iku, atunggu ratri lan siyang, kinedhepan ing tumuwuh wedi asih, tundhuk nembah maring wang.
  • Satru mungsuh mundur padha wedi, pamidhangané baitu’l mukaddas, tulak balik pangreksané, pan nabi wekasan, sabda Nabi Dawud apethak Bagindha Hamzah, kinawedèn sato mara padha mati, luput ing wisa guna.
  • Pepayoné godhing dhukut langit, tali barat kumandhang gunung sèwu, jala sutra ing luhur mami, kabèh padha rumeksa, angadhangi mungsuh, anulak panggawé ala, lara roga sumingkir langkung anebih, kang angring dadi waras.
  • Gunung sewu dadya pager mami, katon murub sakèhing tumingal, sirna salwir lara kabèh, luput ing tuju teluh, taragnyana tenung jalenggi, modhong gambar suminggah, Sri Sadana lulut, puniku sih rahmatu’llah, rahmah jati jumeneng rahmat jasmani, iya sang jati Mulya.
C. Serat Wedhatama
Pupuh Pangkur
  • Mingkar-mingkuring angkara, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba-sinukarta, Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah Jawa, Agama ageming aji.
  • Jinejer nèng Wdhatama, Mrih tan kemba kembenganing pambudi, Mangka nadyan tuwa pikun, Yèn tan mikani rasa, Yekti sepi asepa lir sepah samun, Samangsané pakumpulan, Gonyak-ganyuk nglilingsemi.
  • Nggugu karsané priyangga, Nora nganggo paparah lamun angling, Lumuh ingaran balilu, Uger guru aleman, Nanging janma ingang wus waspadèng semu, Sinamun ing samudana, Sesadon ingadu manis.
  • Si Pengung nora nglegéwa, Sangsayarda dènira cacariwis, Ngandhar-andhar angendhukur, Kandhané nora kaprah, Saya élok alangka longkanganipun, Si Wasis waskitha ngalah, Ngalingi marang di Pingging.
  • Mangakono ngèlmu kang nyata, Sanyatané mung wèh reseping ati, Bungah ingaranan cubluk, Sukèng tyas yèn dèn ina, Nora kaya si Punggung, anggung gumunggung, Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip.
  • Uripé sapisan rusak, Nora mulur nalaré ting seluwir, Kadi ta guwa kang sirung, Sinerang ing maruta, Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, Pindha padhaning si mudha, Prandéné paksa kumaki.
  • Kikisané mung sapala, Palayuné ngendelken yayah-wibi, Bangkit tur bangsaning luhur, Lha iya ingkang rama, Balik sira sarawungan baé durung, Mring atining tata-krama, Nggon-anggon agama suci.
  • Socaning jiwangganira, Jer katara lamun pocapan pasthi, Lumuh asor sosongaran, Yeng mangkono kena ingaran katungkul, Karem ing rèh kaprawiran, Nora énak iku kaki.
  • Kekerana ngèlmu karang, Kakarangan saking bangsaning gaib, Iku borèh paminipun, Tan rumasuk ing jasad, Amung anèng sajabaning daging kulup, Yèn kapengkok pancabaya, Ubayané mbalenjani.
  • Marma ing sabisa-bisa, Babasane muriba tyas basuki, Puruita kang patut, Lan traping angganira, Ana uga angger-ugering kaprabun, Abon-aboning panembah, Kang kambah ing siyang ratri.
  • Iku kaki takokena , Marang para sarjana kang martapi, Mring tapaking tepa tulus, Kawawa nahèn hawa, Wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu, Tan mesthi nèng janma wredha, Tuwin mudha sudra kaki.
  • Sapa ntuk wahyuning Allah,Gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit, Bangkit mikat rèh mangukut, Kukutaning jiwangga, Yèn mangkono kena sinebut wong sepuh, Liring sepuh sepi hawa, Awas roroning atunggil.
  • Tan samar pamoring suksma, Sinukmaya winahya ing ngasepi, Sinimpen telenging kalbu, Pambukaning warana, Tarlèn saking liyep-layaping ngaluyup, Pindha pesating supena, Sumusuping rasa jati.
  • Sajatiné kang mangkana, Wus kakenan ngurabaning Hyang Widhi, Bali alaming asuwung, Tan karem karaméyan, Ingkang sipat wisésa winisésa wus, Mulih mula-mulanira, Mulane wong anom sami.