Tuladha ing ngisor iki nalikani kajibah dherekake serah-serahan (Pasok Srana)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, para pinisipuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan,
para lenggah kakung sumohowono putri, kadang wredha mudha tumaruna ingkang
winantu suko basuki.
Mradapa keparingipun Ibu Sajiyah sumrambah para kulawangsa
ing kalenggahan punika, kulo piniji pinangka pambiawara wontening upacara
pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara
salakirabbi.
