MERTI DUSUN

Wus sawetara wektu udakara kawit tahun 2000, dusun Gowok Nolobangsan Caturtunggal Depok Sleman ora ngadani Merti Dusum. Amarga saka sih wilasa ingkang winantu kinormatan Bapa Janu Ismadi, S.E. karana panjenenganipun minangka Wakil Ketua DPRD Provinsi kadereng manahipun geneya nganti tekan seprene (2013) tradisi sing adiluhung iku perlu di pepetri. Ya kanthi panjenenganipun minangka ingkang kersa paring pasungsung tradisi Merti Dusun kudu di adhani ing akhir tahun 2013. Ing pangajab, mugyo kanthi ngenguri tradisi minangka konjuk muji syukur mring yang manon sing wus paring berkah, rezeki, sapanunggalane ingkang diawujudake Gunungan hasil bumi pertiwi.


Kethoprak


Pentas ke-2 Kedasih ono ing Gedung Basiyo XT-Squere, agenda Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta makaryo sesarengan Kecamatan Pakualaman Ngayogjokarta.

LASMINI

Sawetoro kepungkur, rikalane jaman STM ana sandiwara sing kawentar ing jagad radio, kanyata salah sawijining pemeran antagonis nalika kui yoiku Lasmini. Nemokake keprigelane kanyatan piyayine sumbut karo swara, wiraga, wiramane jumbuh sakabehe..



BANTUAN SPERANGKAT GAMELAN

Suwe anggone ngantu-antu "Kapan kampungku iso due gamelan rong pangkon Pelog karo Slendro !!", datan kanyana lan kinira Gusti paring marga. Lumantar saka Bapa Janu Ismadi, S.H. pinangka pangarsaning DPRD Propinsi Ngayogjakarta menehi dalan kanggo ngupiya antuk hibah gamelan saka Dinas Kebudayaan Propinsi kasembadan samudayane. Rikala tanggal 28 Agustus 2013, gamelan teka neng Kampung Gowok Nolobangsan Caturtunggal Depok Sleman.

PANGUDAL-UDAL RASA

          Kala mangsane rasa-rasaning manungsa kui iso gumantung mobah mosiking kahanan, kahanan kang ana gayutane saka krenteging ati. Menawa ati lagi ora teteg, pangrasa melu kegawa dadi nora maton lan manggon (inkonsisten). Conto sing gumathok, nemtokake petung dina sing mung keletan seminggu wae meso geseh amarga atine ora jenjem sidhem premanem. 

Tuladha Pranatacara

Tuladha ing ngisor iki nalikani kajibah dherekake serah-serahan (Pasok Srana)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisipuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung sumohowono putri, kadang wredha mudha tumaruna ingkang winantu suko basuki.
Mradapa keparingipun Ibu Sajiyah sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika, kulo piniji pinangka pambiawara wontening upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salakirabbi.

HUT FORPAGAMA

Nalikane diadani sawenehing sayembara minangka Agenda Tahunan Forum Pegawai Gadjah Mada (FORPAGAMA) 2013 salah sawijining sayembara kui mau Macapat lan Geguritan. Sepisanan aku maca proposale melu mongkok, amargo Forpagama gelem ngupiya amrih lestarining kabudayanan mligine Macapat lan Geguritan. Mula saka kui pinangka kanggo bukti, yen aku uga melu nguri-uri "ethok-ethok" daftarake melu sayembara iku. Ya mung kuciwane, pasarta sing daftar saka ewonan pegawai sakindenging UGM kok mung piyantun pitu, kui wae sing teka mung enem.

Lomba Macapat HUT FORPAGAMA 2013
Gedung Pusat Kebudayaan Koesnadi Hardjo Soemantri UGM

UKM Karawitan UNES Semarang

NYIAMLENG TENAN !!!!

       Yo kanthi ngadani lan melu sawenehing sayembara kaya ing ngisor iki, kabudayan bakal tetep tuwuh ngrembaka. Sanadyan mung asifat non-formal ing Unit Kegiatan Mahasiswa nanging wus klebu gegulang olah kridaning seni ing satemah isa nuwuhake generasi sing ora bakal ilang.
       Sing dadekake seni karawitan beneh karo seni liyane yo kui sawenehing gendhing, tembang, lan garap wirama, wiraga, wirasa isih tetep rumesep saka duk rikalani rinipta nganti tekan saiki tetep kepenak di rungokake. Kaya tembang dolanan anggitane Ki Cokrowasita sing di lagoke iki.

RERENGGAN SINOM

Serat Kalatidha
Raden Ngabehi Ranggawarsita

1.      Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sunyaturi
Rurah pangrehing ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana sarjana kelu
Kalulun kala tidha
Tidhem tandhaning dumadi
Ardayèngrat déné karoban rubéda

SAMARGA SA DUGA

Wong urip kui pancen wis ginaris sakeng gusti kang murbeng rat, sak sapa wae wong sing wis nglakoni uriping bebrayan tembayatan sajroning bale wisma datan ora kalimput saka lelakon kang wus sakmesthine gelem ora gelem kudu dilakoni. Kanyatan urip iki "ngendikane para pujangga" bebasan "Mung Mampir Ngombe".

KETHOPRAK



Seni adiluhung iki pancen wis samsaya susut penggemare, mula seko kui aku ing sakawit jan-jane mung due modal seneng kanthi niat nguri-nguri kabudayan jawi

Adopsi Ukoro Sankskerta

Menawi dipun wigatosaken ing sadengah papan ing antawisipun wonten ing Jakarta wonten papan nami Satya Graha, lajeng wonten Bina Graha, ugi wonten papan sanesipun ing Surabaya wonten gedung Graha Pena, ing Ngayogjo ugi wonten Graha Wanita Tama.

OSEKA STEMBAYO 1996

Brayat  OSEKA STEMBAYO 1996, Organisasi Seni Karawitan STM Pembangunan Yogyakarta.

Duk rikala jaman sing wis kawuri, ora krasa jroning nala, minangka kanggo pangeling-eling ing jamane isih sekolah neng
STM Pembangunan iso melu ngregengake kegiatan-kegitatan ing antarane sing paling tak senengi lan pinangka kanggo ngupiyo lestarining budaya jawa sing isih ana gayutane karo Macapatan,

Macapat

A. Kidung Sarira Ayu
Pupuh Dhandhanggula
  • Ana kidung, rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa ing bilahi kabèh, jin syaitan datan purun, paneluhan tenung tan wani, miwah panggawé ala, gunaning wong luput, agni atemahan tirta, maling arda tan ana ngarah ing kami, tuju duduk pan sirna.

WATEGING TEMBANG

Watak-wateging Macapatan :
  1. Dandanggula : Manis, luwes, mranani, ngresepaké
  2. Pangkur : Gagah prawira, semangat, greget